Khotbah Jumat: Jemaah Laku Kang Utomo

  • Ichwan eM
  • Okt 25, 2018

أَلْحَمْدُ للهِ فَرَضَ عَلَى عِبَادِهِ الصَّلَوَاتِ الخَمْسِ بِأُجُوْرٍ عَظِيْمَةٍ وَأَمَرَهُمْ بِالْجَمَاعَةِ لِحِكَمٍ وَ أَسْرَارٍ جَلِيْلَةٍ وَجَعَلَ هَذِهِ الصَّلَاةَ مُكَفِّرَاتٍ لِمَا بَيْنَهُنَّ مِنْ صَغَائِرِ الذَّنْبِ وَالْخَطِيْئَةِ وَأَشْهَدُ أَنْ لَاإِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ إِمَامُ الْمُتَّقِيْنَ وَالْبَرَرَة

أَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ وَعَظِّمْ وَتَرَحَّمْ وَ تَحَنَّنْ عَلَى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ سَيِّدِنَا وَ مَوْلَانَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَ مَنْ تَبِعَ هُدَاهُ. 

أَمَّا بَعْدٌ: فَيَا عِبَادَاللهِ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَتَزَوَّدُوْا فَإِنَّ خَيْرَالزَادَ التَّقْوَى فَقَالَ تَعَالَى يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَاتَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.

 

Jamaah Jumah Ingkang Minulyo.

Monggo kito sedoyo tansah ningkataken takwa kito dumateng Allah swt. kanti nglampahi punopo ingkang sampun dipun printahaken soho nebihi sedoyo cecegahanipun. Kito nglampahi taqwa puniko mboten lintu wujud ngawulo kito sedoyo dumateng Allah swt. Ingkang ngratoni sedanten alam.

Kito sedoyo ugi kedah nderek tindak lampahipun Rasulullah saw. Inggih puniko menungso ingkang sampurno ingkang dados rahmat dateng sedanten alam. Dene kasunnahan-kasunnahan ingkang dipun anjuraken Rasulullah inggih puniko salat kanti jamaah. Hukum salat kanti jamaah ing sholat gangsal wekdal puniko sunah muakkad. Mboten lintu inggih puniko tindak lampahipun kanjeng nabi ingkang dipun anjuraken sanget supados dipun tiru umatipun.

Ngantos-ngantos wonten salah setunggalipun ulama’ ingkang ndawuhaken bilih jamaah puniko hukumipun fardu kifayah. Artosipun bilih saben-saben padukuhan kedah wonten sholat kanti jamaah kangge syiar Islam. Menawi mboten wonten salah setunggaling wargo  ingkang sholat kanti jamaah, sakmangkih sedanten wargo padukuhan puniko pikantuk tatrapan dosa.

Jamaah Jumah Ingkang Minulyo.

Salat jamaah puniko anggadahi faedah ingkang katah ingkang magayutan kalian sholat ingkang dipun lampahi soho perkawis perkawis ingkang sifatipun sosial. Salah setunggaling faedah jamaah ingkang agung inggih puniko kados ingkang dipun dawuhaken kanjeng nabi saw.:

صَلَاةُ  الْجَمَاعَةِ تَفْضُلُ صَلَاةَ الْفَذِّ بِسَبْعٍ وَعِشْرِينَ دَرَجَةً

Artosipun: ‘Salat jamaah puniko langkung utomo tinimbang sholat ijen kanti kacek 27 derajat’ (HR. Bukhari Muslim)

Salat kanti jamaah puniko ugi lankung gampil dipun tampi dening Allah swt. Kados keterangan ingkang sampun dipun jelasaken wonten kitab I’anatut Tholibin inggih puniko menawi poro jamaah wonten kekirangan saget dipun tambel kalian lintunipun sehinggo saking meniko, sedanten dipun anggep sempurno amargi sami nglampahi kanti jamaah. Kados tiyang ingkang nyade jeruk menawi dipun sade kanti setungal setunggal sampun tamtu tiyang milih ingkang sae kemawon. Ananging menawi dipun sade kanti borongan sakmangkeh jeruk ingkang kirang sae ugi pajeng. Mekaten ugi sholat kito sedoyo.

Babakan puniko, kanjeng nabi sampun paring tulodo bilih hewan ingkang arupi macan puniko bade nyatru mendo ingkang kapijen soho setan lankung gampil mlebet dumateng tiyang ingkang kapisah saking jamaah.

Rasululloh ndawuhaken….

مَا مِنْ ثَلَاثَةٍ فِيْ قَرْيَةٍ أَوْ بَدْوٍ لَاتُقَامُ فِيْهِمُ الْجَمَاعَةُ إِلَّا اسْتَحْوَذَ عَلَيْهِمُ الشَّيْطَانُ فَعَلَيْكَ بِالْجَمَاعَةِ فَإِنَّمَا يَأْكُلُ الذِّئْبُ الْقَاصِيَةَ

Artosipun: ‘Mboten wonten saking tigo ing padukuhan utawi alas ingkang mboten njumenengaken jamaah kejawi dipun kuwasani setan. Pramilo jumenengaken jamaah amargi macan puniko nyatru dateng mendo ingkang kepijen’.

 

Poro Jamaah Ingkang Minulyo…

Saking mriki kito saged mangertosi bilih jamaah puniko mbimbing kito sedoyo derajat ingkang sapodo tumpraping manungso. Ingkang miskin saget sesandingan kalian ingkang sugih, ingkang ageng saget sesandingan kalian ingkang alit, ingkang sepuh saget sesandingan kalian ingkang poro taruno wonten satunggaling baris. Meniko inggih salah setunggaling conto bilih sedanten tiyang sami derajat pangkatipun wonten ngarso dalem Allah swt. Namung takwa kulo panjenengan sedoyo ingkang ndadosaken mulyo lan parek dateng Allah swt. Alloh swt. Sampun dawuh:

إِنَّ أَكْرَمَكُمْ عِنْدَاللهِ أَتْقَاكُمْ إِنَّ اللهَ عَلِيْمٌ خَبِيْرٌ

Artosipun: ‘Saestunipun tiyang ingkang langkung mulyo menggah Allah inggih puniko tiyang ingkang langkung taqwa. Saestunipun Allah puniko dzat ingkang ngudaneni soho dzat ingkang waspodo’. (QS. Al-Hujarat:13).

 

أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ يَاأَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا لَاتُلْهِكُمْ أَمْوَالُكُمْ وَلَا أَوْلَادُكُمْ عَنْ ذِكْرِ اللهِ وَمَنْ يَفْعَلْ ذَلِكَ فَأُولَئِكَ هُمُ الْخَاسِرُوْنَ. بَارَكَ اللهُ لِيْ وَ لَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنَا وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اللآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ فَاسْتَغْفِرُوهُ إِنَّهُ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمُ.

 

2

Post Terkait :

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Situs ini menggunakan Akismet untuk mengurangi spam. Pelajari bagaimana data komentar Anda diproses.